JALMA LIMPAT - JAWA MILENIA ft YOLAND 45 || OFFICIAL MUSIC VIDEO
YouTube Viewers YouTube Viewers
198K subscribers
1,903 views
0

 Published On Premiered Feb 12, 2023

JALMA LIMPAT

Song Writer : Sri Narendra Kalaseba
Artist : Jawa Milenia Ft Yoland 45
Music Production : Studio 45

Jalma Limpat Bumine Susah
Jalma Limpat Moyak Mayik
Jalma Limpat Kebak Keramat
Jalma Limpat Hong Wilaheng

Dur Angkara Gara-gara Teka
Wong Licik Dipuja Disembah
Sing Utama Mbok Siya-siya

Sawangen...

Banas Pati Mubal Njero Ati
Bayi Nangis Nyawang Geni
Demit Mabur Tanpa Suwiwi

Ngertiya...

Wong Jawa Kelangan Saka
Sirah Linggis Watak Wengis
Budaya Luhung Ajur Mumur

Elinga

Gunung Duwur Nduwe Siung
Banyu Segara Ngawe-ngawe
Sapa Beja Bali Marang Asale
Tumindak Nista Remuk Uripe

Sadara...

Aja Lali Sumbere Banyu Mili
Aja Samar Dalane Ati Jembar

Mugiya...

Kencana Wungu Mustika Ayu
Garaning Akrami Dudu Bandha
Kawitane Tresna Jiwa Lan Raga

Reff:
Wong Jawa Aja Ilang Jawane
Memayu Hayuning Bawana

Sir Sumingkir Brala Kentir
Laku Ladak Nungkak Ngidak
Sembur Mobal Teluh Ambyar

Aja Dumeh...

Derajat Pangkat Mung Titipan
Drengki Srei Lakune Dedemitan
Njegal Nglarani Kanca Ora Nalar
Buto Sangar Ora Suwe Kesampar

Duh Gusti

Gustiku Gusti Kang Sejati
Sangkan Paraning Dumadi
Kuwasa Agawe Sun Mukti

Hyang Agung...

Amurba Jagat Tanpa Klewat
Disembah Dipuja Lawan Rasa
Rasa Luhur Jroning Suwung

Murwat Lir wayang

Manunggaling Kawula Dadi Punjer
Dununge Papat Kiblat Lima Pancer
Sumber Jagat Jalma Limpat Seprapat Tamat.

Reff:
Wong Jawa Aja Ilang Jawane
Memayu Hayuning Bawana

#jawamilenia
#jalmalimpat
#sayajawa
#hiphopjawa
#studio45
#gerbangparamuda

show more

Share/Embed